السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاتُهُ

الْحَمْدُ لِلَّهِ الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرَ الصِّيَامِ * شَهْرٌ فِيهِ تُطَهِّرُ أَنْفُسَنَا مِنَ الْمَعَاصِي وَالأَيَّامِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوسُ السَّلَامُ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفَعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّلَامِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ السَّائِقِ إِلَى دَرَجَةِ الكَمَالِ وَالتَّمَامِ * صَلَاةً تَشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّاءِ وَالْأَسْقَامِ * وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامِ * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقُوا اللَّهُ فِي كُلَّ الأَيامِ تَدْخُلُوا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّلَامِ * فَقَدْ قَالَ تَعَالَى في كتابه الكَرِيمِ أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Para sederek Kaum Muslimin ingakang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam, sahingga pungkasan kita pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah:

يا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan aja mati temenan sira kabeh kejaba sira kabeh minangka wong Islam” (QS. Ali Imran 102).

Para sederek Kaum Muslimin ingakang minulya,

Kita sampun uninga bilih wekdal punika kita sampun wonten ing sak lebetipun wulan ingkang minulya inggih wulan Ramadhan. Wonten ing wulan punika kita tiyang tiyang ingkang beriman katimbalan dening Allah kangge nindakaken jejibahan ibadah shiyam. Secara manusiawi ibadah shiyam menika mila awrat, nanging Allah anggenipun dawuh sanget wicaksana, kanti nimbali kawulanipun, inggih kita sedaya punika kanti predikat kita minangka tiyang mukmin, kanti dawuhipun

يا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا

“He, Wong kang podo iman…”

Mboten kanti dawuhipun : He Para Manungsa.

Menika mbuktekaken welas asihipun Allah dateng kita para manungsa ingkang asifat iman. Mekaten ugi Allah dawuh mboten kanti kalimat perintah, nanging namung kanti kalimat berita :

كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّياَمُ

Bilih shiyam puniko dipun wajibaken tumrap kita sedang tiyang mukmin mboten kanti kalimat perintah : pada pasaha sira kabeh

Lan ugi shiyam punika mboten namung wajib kangge kita kemawon, nanging ugi para ummat sakderengipun kita ugi sampun anggadahi kwajiban shiyam mekaten punika.

Perkawis ingkang awrat menawi mboten kasangga piyambak, tentu wonten ing raos langkung enteng, jalaran tiyang sanes ugi ngraos kados ingkang kita raosaken. Kados dene anggen kita ngraosaken sisah lan prihatin jalaran griyanipun ambruk, nanging krana katah tunggale sahingga musibah ingkang karaosaken, kados wonten ingkang ngrencangi nyangga. Mekaten ugi shiyam menika menawi kita piyambak tentu sanget awrat, nanging sedaya umat Islam nindakaken kwajiban menika, malah ugi ummat sak derengipun kita, kados dawuhipun Allah :

كمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ

“Kaya olehe diwajibake pasa tumrap wong wong kang sak durunge sira.”

Para sederek Kaum Muslimin ingakang minulya,

Ingkang langkung mbingahaken malih, bilih Allah majibaken kita nindakaken shiyam menika supados kita saget nggayuh derajat taqwa.

Kados Dawuhipun :

لَعَلَّكُمْ تَقُونَ :

“Supaya sira kabeh pada taqwa.”

Menawi kita sakestu anggenipun nindakaken kwajiban shiyam kanti dasar Iman lan namung murih karidzanipun Allah, kita bade kaparingan bebingah ing sak lebetipun gesang wonten ing ngalam dunya ngantos akhirat saking ngarsanipun Allah, kados ingkang sampun kadawuhaken:

الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُوْنَ لَهُمُ الْبُشْرَى فِي الْحَيَاة الدنيا وفي الآخرة

“….yaiku wong kang pada iman lan tansah taqwa, tumrар wong wong mau bebungah ana ing panguripan dunya lan ing akhirat.”

Pramila kwajiban shiyam ampun ngantos katampi minangka beban, nanging katindakna kanti ingkang ikhlash namung kangge nggayuh karidlanipun Allah.

Para sederek Kaum Muslimin ingakang minulya,

Kejawi niyat ingkang ikhlas, shiyam ugi kedah katindakaken miderek tata cara ingkang katetepaken dening hukum syari’at agami kita. Kedah netepi syarat lan rukunipun, njagi saking perkawis ingkang ngrisakaken shiyamipun, saha ngopeni sunnat sunnat lan kautamenipun. Insya Allah menawi saget mekaten shiyam kita bade maqbul wonten ngarsanipun Allah, lan nampi piwales ingkang ageng lan tikel matikel saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Ugi kapariringan pangapunten dosa lepat kita ingkang sampun kelajeng. Kados ingkang sampun kadawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW. wonten ing hadits :

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ وَعَرَفَ حُدُوْدَهُ وَتَحَفَظَ مَا يَنْبَغِي لَهُ أَنْ يتحفظ كُفَرَ مَا قَبْلَهُ   رواه ابن حبان

“Sing sapa wonge pasa Ramadhan lan ngerteni hukum hukume pasa, uga ngreksa marang apa kang kudu direksa, mangka bakal di apura kabeh dosa kang sakdurunge”. (HR.Ibnu Hibban).

Pramila mangga kita tingkataken shiyam kita kanti nyinaoni kawruh lan ilminipun shiyam, mboten sekedar ngampet dahar lan ngunjuk ing wanci rinten kemawon, nanging estu shiyam kita saget nuwuhaken hikmah lan faedah tumrap kita sedaya.

Mugi mugi Allah tansah maringi pitedah lan pitulung dateng kita sedaya, shiyam kita maqbul wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala Amin.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ  *  وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بالآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ * إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ *  وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ *

Bagikan:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *