السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

الْحَمْدُ لِلَّهِ الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَنْزَلَ الْقُرْآنَ هُدًى لِّلْمُؤْ مِينَ وَرَحْمَةٌ * وَأَتَمَّ بِهِ عَلَى أُمَّةٍ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَفْضَلَ النَّعْمَةِ * أَشْهَدُ أَنْ لا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ تُنْحِي قَائِلَهَا مِنْ أَهْوَالَ يَوْمِ الْقِيَامَةِ * بِالْمَغْفِرَةِ وَالرَّحْمَةِ الوَاسِعَةِ * اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سيدنا مُحَمَّد صاحب الوسيلة والفضيلة والدرجة العالية الرفيعة وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ إِلَى سيل النحاة فِي الدُّنْيَا إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ الوَاقِعَةِ أَمَّا بَعْدُ * فَبَا أَيُّهَا الْأَخْوَانَ رَحمَكُمُ الله أَوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ * فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ : شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Mangga kita samiya tansah nambahi taqwa lan tha’ at kita dateng Allah, kanti sarana tansah nderek, sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, enjang lan sonten, rinten lan dalu nuju bingah utawi sisah, nuju sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame, tansah netepana taqwa lan tha’at dateng Allah, supados kita tarimah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

وَعَدَ اللهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وأخر عظيم

“Allah wus paring janji marang wong wong kang pada Iman lan pada nindakake amal shalih, tumrap wong wong mahu bakal oleh pangapura lan ganjaran kang agung saka ngarsane Allah” (Al Maidah: 9).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Wulan Ramadlan punika ngrupekaken wulan ingkang langkung wigatos lan bersejarah tumrap kita sedaya umat lalam, wonten ing wulan ingkang kebak rahumat lan maghfirah sampun dumados prastowo agung wonten ing tlatah bumi ingkang cengkar, garing tanpa kesuburan, kanti lubering rahmatipun Allah SWT, nyiram cengkaring pagesanganipun manungsa ing jagat raya punika, inggih kanti tumuruning wahyu Al-Qur’an dawuh Dalem Allah dateng utusanipun inggih Kanjeng Nabi Muhammad SAW

Al-Qur’an Kalamullah ingkang katurunaken wonten ing Ramadlan saminipun wulan menika mengku pitedah tumrap pagesanganipun sedaya manungsa, jumbuh kaliyan dawuhipun Allah:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتِ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ

” Wulan Ramadhan, wulan kang ing sakjerone wulan kuwi wus di turunake Al-Qur’an, minangka pituduh tumraping manungsa lan kang mertelakake marang pituduh lan kang mbedakake antarane perkara kang ala lan becik.”

Al-Qur’an minangka pitedah supados saget nggayuh pagesangan ingkang bahagia wiwit dunya ngantos dumugining akhirat. Pramila sakmestinipun ummat Islam sami mrengeti Nuzulul Qur’an amrih tansah ngengetaken dateng manahipun supados tansah cecepengan dateng Al-Qur’an menawi kepengin gesangipun tansah lumampah wonten ing margi ingkang mboten sasar, mila mboten kenging uwal saking Al-Qur’an, kados dawuh dalem kanjeng Nabi:

تَرَكْتُ فِيكُمْ أَمْرَيْنِ لَنْ تَضِلُّوْا مَا إِنْ تَمَسَّكْتُمْ بِهِمَا ، كِتَابِ الله وَسُنَّةِ نَبِيِّهِ

“Sira kabeh wus tak tinggali perkara loro, sirá kabeh ora bakal kesasar selagine gelem cecekelan rong perkara mau, yaiku kitabe Allah / Al-Qur’an lan sunnahe Nabine Allah, tegese hadits”.

Washiyat Nabi kasebat sukaraos ipun, kita mboten kenging uwal saking kalih perkawis punika. Dipun perengeti supados ngengetaken dateng kita bilih tumurunipun Al-Qur’an wonten ing wulan Ramadhan saminipun wulan punika. Supados gesang punika tetep wonten margining kaleresan lan tansah dipun ridlani dening Allah Ta’ala

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Al-Qur’an menika ugi minangka mu’jiyat ingkang lestantun tumrap kanjeng Nabi, tansah kareksa dening Allah saking reka dayanipun tiyang ingkang bade ngrisak dateng Al-Qur’an. Pramila kita kedah anggadahi katresnan dateng Al-Qur’an amergi maosipun kemawon sampun kalebet ngibadah dateng ngarsa dalem Allah. Langkung langkung ing swasana wulan Ramadhan punika samiya remen tadarus Al-Qur’an. Tumrap ingkang mboten saget maos seratanipun saget kernawon kanti maos maos surat ingkang cekak ingkang sampun dipun apali, langkung langkung para putra tansah sageta dipun perdi supados sami remen ngaos Al-Qur’an. Amergi estunipun wajib. Tumrap tiyang sepuh punika mucal muruk dateng putra babagan Al-Qur’an inggih kitabipun Allah punika, menawi mboten anggadahi kemampuan mucal piyambak, saget kemawon dipun pasrahaken tiyang ingkang ahli mucal Al-Qur’an. Dawuhipun Kanjeng Nabi:

مِنْ حَقِّ الوَلَدِ عَلَى الْوَالِدِ ثَلَاثَةٌ: أَنْ يُسَمِّيهِ بِسْمِ حَسَن، وَأَنْ يُعَلِّمَهُ الْكِتَابَ، وَأَنْ يُزَوجَهُ إِذَا بَلَغَ

“Setengah saking kwajibane wong tuwa tumanduk marang anake. Iku ana telu:

  1. menehi jeneng kelawan jeneng kang becik,
  2. mulang muruk lan meruhake Al Kitab yaiku Al-Qur’an.
  3. ngrabekake nalika wis titi mangsane.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Wusananipun mangga kita ing wulan Ramadlan punika sageta nuwuhaken katresnan dateng Al-Qur’an kanti nyinahoni lan ngatah ngatahaken mahos kangge nggayuh kesahenan lan kabegjanipun gesang punika, kerana pancen dipun perintahaken dining Rasulullah SAW:

أَكْثَرُوا مِنْ تِلاوَةِ القُرْآنِ فِي بُيُوتِكُمْ فَإِنَّ البَيْتَ الَّذِي لَا يُقْرَأُ فيهِ الْقُرْآن يَقُل خَيْرُهُ وَيَكْثُرُ شَرَّهُ وَيَضِيقُ عَلَى أَهْله

“Ngakeh akehna sira maca Al-Qur’an ing omah ira, sebab sejatine omah kang ora di enggo maca Al-Qur’an iku sithik banget kebecikane, nanging malah akeh alane, lan wong kang manggon tansah ngrasa sumpek atine”.

Akhiripun mangga kita sami ndunga nyuwun dateng Allah mugi mugi kita tansah pinaringana pitedah remen nyinahoni lan maos Al-Qur’an, mekaten ugi anak putu kita dadoso generasi ingkang pikantuk cahya pitedahipun Al-Qur’an. Amiin.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ * وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بالآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ  * إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ * وَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ، بِسْمِ الله الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ إِنْ أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةٍ مُبَارَكَةِ إِنَّا كُنَّا مُنْذِرِينَ * وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ…

Bagikan:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *