Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillāhi rabbil ‘ālamīn. Wasshalātu wassalāmu ‘alā asyrafil anbiyā’i wal mursalin, Sayyidinā Muhammad, wa ‘alā ālihi wa ash-hābihi ajma‘īn.

Ingkang kinabekten:

Bapak Dukuh ingkang kinurmatan,

Bapak Ketua RT ingkang kinurmatan,

Bapak-bapak sedaya,

Sesepuh, ingkang mboten kawulo sebat setunggal manunggal…

Langkung rumiyin, sumangga kita sami-sami nglajengaken puji syukur dhumateng Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, ingkang sampun paring nikmat sehat, nikmat iman, lan nikmat kesempatan, saengga kita sedaya saget kempal wonten ing papan punika kanthi wilujeng tanpa alangan punapa-punapa. Punapa malih, punika kalebet nikmat ageng ingkang sepantasipun kita ucapaken kalimat Alhamdulillah.

Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, Nabi akhirul zaman, panutaning umat Islam, mugi kita sedaya kalebet umatipun ingkang pikantuk syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah. Allāhumma shalli ‘alā Sayyidinā Muhammad wa ‘alā āli Sayyidinā Muhammad.

Dipun dawuhaken wonten Al-Qur’an
Lain syakartum la-azīdannakum, wa la-in kafartum inna ‘adzābī la-syadīd.”
Artine: “Manawa kowe syukur, bakal Aku tambah nikmatmu. Nanging yen kowe kufur, mesthi siksa-Ku banget abot.”

Ketika kamu mensyukuri nikmat kecil, maka nikmat-nikmat yang lebih besar pasti datang dalam kehidupan panjenengan, Amin Allahuma Amin..

Ananging nyuwun sewu menawi kulo panjenengan menafikkan satu nikmat saja, akan datang kepada-mu siksaan yang berat. Beh medeni tenan pak..!!

Tahadus Bin Nikmah nggeh pak…!!

Nasarufake nikmat gunaake nikmat awake dewe kagem ngamal kesahenan.

“Wong lanang iso duwe predikat sejati, ora kur nompo nikmat, ananging iso ngarahke nikmat. Naliko diwenehi rezeki luwih, ora kur nggo foya-foya, iso buka gawe lapangan gawean. naliko diwenehi nglimu ora malah sombong, tapi gelem mulang, meneh-meneh diwenehi waktu luang, ora kur di enteke dinggo nglali, lah nasarufake nikmat iku ibarat banyu mili

Nikmat itu seperti aliran air. Ibarate wong ngelepi sawah banyune seko kalenan, mesti gentenan le ngelepi sisih lor ndisek nembe banyune ngidul, mboten mungkin banyune dilepke nang sawah e dewe, arep ngelepi / gawe blumbang pak…?

kulo yakin nopo ingkang kulo aturaken babakan nikmat niki, kulo yakin sedoyo ingkang rawuh pasti nggadahi nikmate masing-masing, Milo kesempatan malem jum’ah kliwon, kempalan meniko di damel sarana kagem bersyukur niki nggeh saget.

begitu pula kulo yakin ingkang rawuh juga membawa ujiannya masing…… Mas…. ing, kempalan puniko nggeh angsal dipun dadosne dalan kadamel wadul wonten ngarso dalem pengeran, dipun damel nyuprih hajat panjenengan nggeh pareng….!!

Pak, coba utowo ujian uwong niku ora kok gur ora nduwe duwit, sugih utowo mlarat niku nggeh ujian, pangkat niku nggeh ujian, dedasar nopo kiro-kiro potongane awake dewe diwenehi rezeki rodo akeh sitik, mesti binggung pak arep dipun damel nglampahi kesahenan, nek kur nggo foya-foya gampang tur akeh carane, gampang dalane, tapi di nggo ngamal sahe mesti siji atine ngroso eman-eman, nggo sodaqoh tukon rokok kancane wae lho owel.

Mulo ibarat baskom cilik di iseni banyu nganti mbludak malah mlambah-mlambah tekan ngendi-ngendi, baskom gedhe tapi banyune miline kur itir-itir yo ra kebak-kebak, mulo wadahe disiapne ndisek.

Wasilah jalur langit, ngaji tahlilan, doa lumantar kulo panjenengan do’aken leluhur tiyang sepah sedoyo ingkang damel sahe dateng kulo panjenengan, mugi-mugi pinaringan rezeki manfaat berkah, lumantar silaturahim paringi yeswo panjang manfaat berkah, sedoyo pinyuwunan paringi kasembadan Amin Allahuma Amin….!!

Bagikan:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *