السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ الله وبركاته

الْحَمْدُ لِلَّهِ ، الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَا يَعْبُدُهُ العِبَادُ إِلَّا بِسَابِقِ نِعَمِهِ * وَعَصَمَ مَنِ اصْطَفَاهُ مِنْ عِبَادِهِ * وَرَحِمَ مَنْ اجْتَبَاهُ لِحِدْمَتِهِ * أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إظهارا لروبيتِهِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدَهُ وَرَسُولُهُ المبعوث رَحْمَةً لِجَمِيعِ خَلْقِهِ * اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِهِ الْمُصْطَفَى بِرِسَالَتِهِ وَتَبْوَتِهِ * وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ مِنْ بَعْدِهِ * صَلَاةٌ وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُتَلاَزِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ * أَمَا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْإِخْوَانِ رَحِمَكُمُ اللَّهِ، أَوْصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللَّهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ * وَأَحْتُكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ * وَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى : أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ * أَمَا بَعْدُ فَيا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ الْكِرَامُ ، أَوْصِبْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ * فَقَدْ قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ * أَعْوذُبِ الله مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ * بسم الله الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ * يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُمْ مُسْلِمُونَ

Para sederek Kaum Muslimin ingkang mińulya,

Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedava dawuh lan perintahipun, saha nılar ingkang dados awisanipun, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Sampun dados pengadatan masyarakat kita saben saben dumugi wulan Rabi’ul Auwal, utawi wulan Mulud sami mahargya mulyaaken lan ngegungaken dateng wiyosan Dalem Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam.

Kanti cara ingkang mawarni warni, wonten ingkang kanti maos riwayat sugengipun Kanjeng Nabi. Wonten ingkang kanti ngedalaken shodaqoh, wonten ingkang kanti pengaosan pengaosan ingkang mligi kagem mrengeti wiyosan Dalem Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam, lan sak pinunggalanipun. Sedaya wau dipun seja kangge nglahiraken raos mahabbah lan tresna dateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam Tresna dateng Nabi tentu ugi jalaran tresna dateng ngarsa dalem Allah. Menawi kita ngaken tresna dateng Allah tentu katresnan punika kedah kita buktekaken, antawisipun bukti katresnan wau inggih punika nderek dateng tindak lampahipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaiin wa sallam.

Kados dawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:

قل إن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبَعُونِي يُحْبَكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ

“Dawuha Muhammad Yen stra pancen tresna marang Allah, ndereka marang Ingsun, mesti wae Allah bakal tresna marang stra. Lan Allah bakal ngapura dosa dosanıra kabeh, Allah iku Maha Ngapura lan Akeh kawelasane” (QS. Ali Imran 31).

Kasebat wonten ing hadits shohih riwavat Imam Al Bukharı, bilih Abu Lahab ingkang kafir saben dinten Senin dipun ringanaken siksanipun sebab anggenipun

mbebasaken Tsuwambah budak wadonipun, jalaran bingah awit lahiripun Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam. Wonten ing bab menika Al Hafidz Syamsuddin Muhammad bin Nashiruddin ad Dimasqıy nganggit syi’ir:

إِذَا كَانَ هَذَا كَافِرًا جَاءَ ذَمُّهُ *

بَتْ يَدَاهُ فِي الْجَحِيمِ مُخَلَّد

أَتَى أَنَّهُ فِي يَوْمِ الإِثْنَيْنِ دَائِمًا *

يُخَفِّفَ عَنْهُ لِلْسُرُورِ بِأَحْمَدًا *

فَمَا الظَنُّ بِالْعَبْدِ الَّذِي طُولَ عُمُرِهِ *

بأَحْمَدَ مَسْرُورًا وَمَاتَ مُوَحَدًا

Menawa sı kafir kang cinela tur cilaka, Deweke ing neraka [ahim sak lawase disiksa Saben Senin deweke oleh keringanane siksa Kerana nalika Ahmad lahir deweke gumbira.

Nuli apa kang tok kira, tumrap swijining kawula, sak dawane umur marang Ahmad deweke trisna Deweke mati kelawan netepi iman kelawan tauhid nyawjekke Pangeran.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang mińulya,

Bilih ngraos bingah lan bahagia atas wiyosan dalem Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam punika diperintahaken dening Allah kados dawuhipun wonten ing Al-Qur’an:

قُلْ بِفَضْلِ اللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذَلِكَ فَلْيَفْرَحُوا

Kandakna “Kantiu kanugerahane Allah lan rahmate, mangka kelawan mengkono mau pada bungaha”.

(QS. Yunus: 58).

Allah Ta’ala merintahaken kita supados ngraos bingah atas rahmatipun Allah, jalaran Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alailu wa sallam menika minangka rahmat ingkang paling agung tumrap kita, kados dawuhipun Allah:

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

Lan ora ngutus Ingsun ing sıra, kejaba minangka rahmat kanggo wong alam kabeh. (QS. Al Anbiya’ :107).

Penafsiran bilih Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam minangka rahmat ingkang paling agung tumrap kita punika dipun kivataken dening tarjumanul Qur’an, inggih punika Shahabat Ibnu Abbas Radıyallahu anhu

Dipun riwayataken tafsir ayat punika saking Ibnu Abbas, bilih “fadhlullah” ing ayat punika: ilmu Dene “rahmat” punika Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam, kados dawuh ayat kasebat ngajeng.

Pramila menapa ingkang sami kita tindakaken minangka nglahiraken raos bingah lan tresna dateng Kanjeng Nabi.

mugi mugi tinampiya mınangka bukti katresnan kita dateng Allah Ta’ala. Pangajab kita bade pikantuk rahmat lan kawelasan saha pangapunten saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Jumbuh kados dawuhipun Allah kasebat ngajeng. Mekaten ugi kita adang adang syara’at dalem Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam mbenjang wonten akhirat.

Pramila menika, wonten ing swasana pengetan wivosan Kanjeng Nabi Muhammad Sailallahu ‘alaihi wa sallam punika, mangga kita katahaken nyebat dateng Asma Dalem Kanjeng Nabi kantı ngatahaken maos Shalawat dateng panjenenganipun.

Wonten pangandika:

مَنْ أَحَبَّ شَيْا أَكْثَرَ مِنْ ذِكْره

“Sing sapa wonge tresna marang sawijining perkara, mesti wong kuwi akeh elinge lan nyebute ing perkara mahu”

Menika mboten saget dipun selaki, bilih tiyang tresna dateng menapa kemawon tentu telenging manah tansah eling, lan kumantil mantil dateng menapa ingkang dipun tresnani.

Kita ngaken tresna Nabi mangga kita ngatahaken maos shalawat, kita maos shalawat ugi nindakaken dawuhipun Allah ing Al Qur’an

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

“He, wong kang pada iman, pada macaha shalawat sıra kabeh marang Nabi, ian pada macakna salam sıra kabeh”

(QS. Al Ahzab 56).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang mińulya,

Katresnan kita dateng Kanjeng Nabi bade dados lantaran kempal kita dateng Panjenenganipun mbenjang wonten ing swarganipun Allah, jalaran Kanjeng Nabi nate paring dawuh

مَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي فِي الْجَنَّةِ

“Sing sapa wonge tresna marang Ingsun, mangka wong iku bakal bareng bareng sartaningsun ing swarga

Hadits sanes ngendikakaken

جَاءَ أَعْرَبَي إِلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ ، فَقَالَ : يَا رَسُولَ اللهِ ، مَتَى السَّاعَةُ ؟ فَقَالَ : مَا أَعْدَدْتَ لَهَا ؟ فَقَالَ : مَا أَعْدَدْتُ لَهَا كَثِيرَ صَلَاةٍ وَلَا صِيَامٍ إِلَّا أَنِّي أُحِبُّ اللَّهَ

وَرَسُولَهُ ، فَقَالَ : رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : أَمْرُهُ مَعَ مَنْ أَحَبَّ رواه البخاري ومد

“Sawyining wong Badui sowan Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam, nuli matur: Duh Rasulallah mbenjang menapa kedadosan qayamat menika?

Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam lajeng ndangu Apa persiapanmu kanggo ngadepi dina qiyamat?

Tivang wau lajeng matur: Kula mboten uggadain persiapan kangge ngadepi dinten kıyamat, kanti ngamal arupi shalat ingkang katah, utawi shuyam ingkang katah, mboten, mung mawon kula tresna dateng Allah lan utusanipun.

Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam lajeng dawuh:

“Sawijining wong kuwr besuk ana ing akhirat bakal di kumpulake marang sapa kang di tresnani”

(HR. Bukhari, Muslim)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang mińulya,

Kanti dawuh kasebat kita nglahiraken katresnan dateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam punika, bade dumunung ngibadah ingkang nyababaken lumebet dateng swarga, menawi estu estu tresnanipun mboten namung lelamısan. Jalaran kita kedah ngatos atos, katah tiyang ingkang remen maos shalawat, nanging remenipun maos shalawat namung kerana lagunipun.

ingkang dipun anggep sekeca lan cocok kalian selerane, mboten kerana tresna malih dateng Kanjeng Nabi Ngatos atos bab menika, syair shalawat dipun lagokaken, mangga, nanging hakekat kedah tetep jalaran katresnan lan kecintaan kita dateng ngarsa Dalem Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam Langkung saking menika bukti katresnan punika kita buktekaken, kanti nderek tindak lampahipun saha ngalap tulada dateng Panjenenganipun sak lebetipun gesang punika, mboten namung anggen kita ngibadah dateng Gusti Allah, nanging ugi anggen kita bebravan wonten madyaning masyarakat Kados pundi anggen kita srawung pergaulan, menapa dene mu’amalah kalıyan tiyang sanes, sedavanipun dipun tuladani dening Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wasallam. Wiwit perkawis ingkang katingalanipun sepele, ingkang mila katah dipun sepelekaken dining tiyang, kados ta kita dahar ngunjuk ngagem asta tengen, welas dateng lare, mulvaaken pivantun sepuh lan sanes sanesipun Menapa malih urusan ibadah mahdlah tentu mutlak kita nderak dateng dawuh lan tindakipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam

Para sederek Kaum Muslimin ingkang mińulya,

Dumuginipun wulan Rabi ul Awwal menika mugi mug nuwuhaken semanget kita anggenipun nderek dateng patuladanipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa saliam. saha nambahi katresnan kita dateng panjenenganipun.

sahengga kita pikantuk syafa at mbenjang wonten ing youmil qiyamah. Amin.

جَعَلنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِرِينَ الآمِنِينَ * وَأَدْخَلَ وَيَكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِينَ * وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ *

Kuthbah Tsaniyah

الْحَمْدُ لِلَّهِ وَ الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَنزَلَ الكِتَابَ عَلَى عَبْدِهِ هُدًى لِلنَّاسِ وَذِكْرَى * وَأَوْعَدَ لِمَنْ أَثْقَاهُ وَخَافَهُ يدْخُولِ الْجَنَّةِ سُرُوْرًا * أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الَّذِي رَفَعَ مَنْصِبَ النُّبُوَّةَ وَالرِّسَالَةَ بِالْإِبْذَارِ وَالْبُشْرَى * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدَهُ وَرَسُولُهُ الْمَبْعُوثُ بشيراً وتذيراً * شَهَادَةَ مَنْ قَالَ لَهَا فَرَحِمَهُ مِنَ الخَطِيئَاتِ مَغْفُوْرًا * وَتَقَبَّلَهُ مِنَ الصَّالِحَاتِ وَأَتَالَهُ ثَوَابًا وَأَجورا * اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ أَرْسَلَهُ سراجا منيرًا * صَلَاةٌ تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ جَمِيعِ الْأَهْوَالِوَالْأَفَاتِ بَاطِئًا وَظَهِيرًا * وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ سَادَةِ الدُّنْيَا وَمُلُوكِ الْأُخْرَى * وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ مَا تَعَاقَبَتِ الْأَوْقَاتِ لَيْلا وَتَهَا * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ الكرام أوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهُ وَطَاعَتِهِ ، فَقَدْ فَأَمَرَ المنقونَ * فَقَدْ قَالَ الله تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ * أَعُوذُبِ اللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ * بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ * إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِي * يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمَا اللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِينَ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِينَ وَتَابِعِي التَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ * وَارْحَمْنَا مَعَهُمُ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُحِيبُ الدَّعْوَاتِ * اللَّهُمَّ أَصْلِحُ أَثْمَتَنَا وَأَمْتَنَا ا وقضاتَنَا وَعَلَمَاءَنَا * وفقَهَاءَنَا وَمَشَابِحَنَا صَلَاحًا تامًا عَامًا * وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مهتدين اللهم انصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّينَ * وَاحْذَلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِينَ اللَّهُمَّ أَهْلِكَ أَعْدَاءَ الدِّينِ * وَأَلْفَ بَيْنَ قُلُوبِ الْمُؤْمِنِينَ * وَفَكَ أَسْرَ الْمَأْسْورِينَ * وَفَرْجُ عَنِ المكروبين * واقضِ الدِّينَ عَلَى الْمَدْيُؤْثِينَ * وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلَامَةَ عَلَيْنَا وَعَلَى الْحَجَاجِ وَالْعَرَةِ وَالْمُسَافِرِينَ * إِنَّكَ على كل شيئ قَدِيرُ اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَا الْعَلَاةَ * وَالْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسَّيُوفَ الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْنٍ قدير ربنا اغْفِرْ لَنَا وَلِلإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلَا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ * عِبَادَ اللهِ، إِنَّ الله يأمرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغَى يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تذكرون * واشكرُوهُ عَلَى نَعَمِهِ يَرْدُكُمْ وَاسْتَلُوهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ *

Bagikan:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *