السَّلامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

الْحَمْدُ للهِ الواحد الأَحَدَ الْفَرْدِ الْصَمَدِ الَّذِي لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُولَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أَحَدٌ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةً تَكُوْنُ سَبَبَ النَّعِيمِ الْمُوَيَّدَ وَأَشْهَدُ أن مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ النَّبِيُّ الْمُصْطَفَى الْمُؤيَّدُ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّد الكَرِيمِ الْمُمَحَد وَعَلَى آله وَأَصْحَابِهِ مَا رَكَعَ رَاكِعٌ وَسُحَدَ أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهُ اتَّقُوا اللهُ مَا دَامَتِ الْحَيَاتُ فِي الْحَسَدِ. فَإِنْ تَقْوَى اللَّهِ خَيْرُ الزَّادِ إِلَى يَوْمِ الْمِعَادِ

Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,

Mangga kita sami tansah netepi ta’at lan taqwa dateng ngarsa dalem Allah kanti nindakaken dawuh dawuhipun saha nebihi awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan, saha pinaringan kabegjan dunya agantos akhirat, saking ngarsa dalem Allah swt, Amin.

Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah Dadosa kauningan bilih amalipun manungsa

miderek prinsip ajaran agami Islam punika wonten kalik warni, 1). amal dunya, 2). amal akhirat. Kalih-kalihipun amal punika saget dumunung ibadah menawi dipun seja murih karidlanipun Allah Ta’ala. Kerana mekaten prayog sedaya amal kita, sinaosa rupi amal dunya menapa malih amal akhirat, dipun niyatana pados karidlanipun Allah Ta’ala supados kalebet ibadah ingkang pikantuk ganjaran mbenjang ing akhiratipun. Jalaran Allah sampun paring dawuh supados kito ngudi perkawis akhirat, nanging ug mboten nyupekaken perkawis dunya. Dawuhipun Allah ing al-Qu’an:

وانع فيمَا أَتَاكَ اللهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسَ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ الله لا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ

“Lan sira nupriha apa kang wis diparingake Allah marang sira kabeh kebahagiaan akkirat, lan sira aja lali bagian ira sangka kenikmatan, lan sira gaweha becik (marang wang liya) kaya olehe wis agawe bagus Allah marang sira, lan sira aja gawe kerusakan ing lumahing bumi. Sejatine Allah ora seneng marang wong kang pada gawe kerusakan.” (QS. Al-Qashash: 77).

Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,

Dawuh kasebat pinangka pepenget tumrap kita. kekalihipun perkawis dunya utawi akhirat kedah kita gayuh kadadosna sarananipun ibadah, ampun ngantos nglirwakaken salah setunggalipun, kepara mboten dipun leresaken menawi kita mentingaken salah setunggalipun. Rasulullah sampun paring dawuh:

لَيْسَ بِخَيْرِكُمْ مَنْ تَرَكَ دُنْيَاه لآخرته ولا آخرةُ الدُّنْيَاه حتى يُصِيبَ مِنْهُمَا جَمِيعًا، فَإِنَّ الدُّنْيَا بَلَاعٌ إِلَى الْآخِرَةِ وَلَا تَكُونُ كَلَا عَلَى النَّاسِ.

Ora kalebu bagus-bagusa sira kabeh, wong kang tinggal dunya kerana jungkung akhirat, lan uga ora bagus wong kang tinggal akhirat kerana mbujung dunyane, sahingga deweke nggayuh karo-karone kabeh, (tegese nggayuh dunya kanggo keperluan akhirate) kerana dunya kang bagus iku dadi sangu kanggo nekakake akhirat. Lan sira aja ana kang dadi beban tumrap wong liya.(Al-Hadits)

Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,

Pramila menapa kemawon aktifitas kita, kalebet nyambut damel kita, kaniyatana pados rizki kangge sarana sangunipun ngibadah, saha nafkahipun keluarga, supados kalebet tumandang amal ibadah ingkang bade tampi lelintu ganjaran saking ngarsa dalem Allah swt, Kados dawuhipun kanjeng Nabi:

مَنْ أَمْسَى كَلَّا مِنْ عَمَلِ يَدِهِ، أَمْسَى مَغْفُورًا لَهُ

Sing sapa wonge manjing wektu sore, kanti kahanane sayah kekeselen sangka olehe nyambut gawe, mangka ing wektu sore iku uga deweke oleh pangapura. (HR. Tabrani).

Kenging napa mung wong kesel nyambut gawe kok oleh ngapura? Inggih jalaran anggenipun makarya tumandang damel kanti niyat sahe sarana ugi mboten kanti cara ingkang dipun awisi dening agami, sinaosa wujudipun pendamelan wau arupi perkawis kadonyan, Nabi nate paring pangandika:

بصُورَة أَعْمَالَ الدُّنْيَا وَيَصيرُ من كمْ مِنْ عَمَلٍ يَتَصَوَّرُ بِصُورَةِ

أعمال الآخرة بحسن النية.

Pirang-pirang amal kang rupane amal mahu rupa penggawean dunya, nanging dadi amal akhirat kang ana ganjarane sebab apike niyat.

Kanti mekaten beruntung sanget menawi kita saget ngarahaken samu kawis aktifitas kita kangge ngayuh ridlanipun Allah, sahengga sakestu kita tumitah punika tansah ngumawula dateng ngarsa dalem Allah, jumbuh kaliyan kersanipun Allah nitahaken dateng kita supados tansah ‘ibadah ngumawula wonten ngayunan dalem Allah swt. Mugi Allah andadosna kita kalebet kawulanipun ingkang manggih kabejan.

جَعَلَ اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِرِيْنَ الْأَمِنِينَ وَأَدْخَلْنَا وَإِيَّاكُمْ فِي عِبَادِهِ الصَّالِحِينَ قَالَ اللَّهُ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ الْقَائِلِينَ، أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ ﴿وَمَا خَلَقَتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونَ ، وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرٌ الراحمين.

Bagikan:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *