السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

الْحَمْدُ لله، الْحَمْدُ لله الذى يَتَوَلَّى الصَّالِحِينَ  * أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَهُوَ رَبُّ الْعَالَمِينَ * أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لا شريكَ لَهُ الْمَلكُ حَقُّ الْمُبِيْنَ * وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ صادِقُ الْوَعْد الأَمينَ * اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّد المبعوث رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ * وَعَلَى آله وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ جَاهَدُوا حق جهادهمْ حَتَّى يَأْتِيهِمُ الْيَقِينَ * أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,

Mangga kita sami tansah netepi ta’at lan taqwa dateng ngarsa dalem Allah kanti nindakaken dawuh-dawuhipun saha nebihi awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan, saha pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat, saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa ta’ala Amiin.

Langkung langkung sak pengkeripun wulan Ramadlan lan dinten riyaya, kita kedah saget mbuktekaken labetipun shiyam lan ibadah kita ing sak lebetipun wulan Ramadlan kepengker. Wulan kepengker kita semanget sanget nindakaken ibadah. Eman sanger menawi kesaenan punika kendel mboten wonten kelajenganipun. Estunipun wulan Ramadlan punika sageta dados pancatan kagem nggayuh peningkatan ing wanci saklajengipun. Ampun ngantos semanget ibadah kita pupus jalaran lewatipun Ramadlan. Langkung langkung anggen kita tansah cecepengan dateng paugeranipun agami, kedah tetep istiqamah, mila ing saklebetipun pagesangan kita kedah tansah ngugemi tuntunanipun syari’at agami kita kantı sak wetahupun, Allah paring dawuh:

ادخلوا في السلم كافة ولا تتبعوا خطوات الشَّيْطَانِ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِينٌ

Mlebuha Islam sira kelawan sak kabehe, aja pada manul sine marang laku jantrane syetan, jalaran syetan iku tumrap ar kabeh satru kang nyata. (QS. Al-Baqarah:208)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Ampun ngantos kita anggenipun Islam namung nalika Ramadlan lan riyaya, namung nalika wonten masjid, langgar lan mushalla kemawon, nanging cara gesang kita sak wetahipun, nggih nyambut damelipun, sesrawungannipun, nyandang pengangge Jan kabudayanipun tetep miderek tuntunan agami Islam. Jalaran ing mangsa punika katah tiyang ingkang anggadahi pemanggih bilih Islam punika cekap nalika ngibadah kemawon, lajeng nalika mu’amalah, nyambut damel mboten ngagem Islamipun malih. Sahengga mboten merduleni halal haram, hak lan bathilipun Mekaten ugi tata cara sesrawungan, berpakaian kabudayan lan sanes sanesipun, sampun tehih saking tuntunan agami Islam. Jalaran ing mangsa ingkang sarwa majeng punika, mila sakestu kebak fitnah lan pacoben tumrap kita sedaya Kanjeng Nabi sampun paring pepenget

لا يَغْشِيَنَّ أُمَّتِي مِنْ فِتَنْ كَقِطَاعِ اللَّيْلِ الْمُظْلِمِ يُشْبِهُ الرَّجُلُ فِيهَا مُؤْمِنًا وَيُمْسِي كَافِرًا، يَبِيعُ أَقْوَامٌ دِيْنَهُمْ بِعَرَضٍ مِنَ الدُّنْيَا قَلِيل

Umatku sak wuse tak tinggalake iku bakal ngadepi macem-macem fitnah, kang kaya sak perangane bengi kang peteng ndedet lelimengan, ing sakjerone ngadepi fitnah kuwi mau ana wong kang ing wektu esuk isih iman, nanging mbareng manjing wektu sore wis dadi kafir, ing mangsa iku akch wongkang adol agamane di dol oleh banda dunya kang mung sitik banget kerta ajine. (HR. al-Hakım)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Dawuh kasebat paring pepenget dateng kita bilih bade wonten macem-macem fitnah ingkang dipun ibarataken kados dene dalu ingkang peteng ndedet, tegesipun pagesangan punika sampun kebak pepeteng, sahingga tiyang lumampah ing wanci dalu ingkang sanget peteng ibaratipun, tanpa ngginakaken damar bade gampil kesasar, tanpa senter bade keblinger, tanpa lampu bade gampil katipu.

Mboten mangertos pundi ingkang awon lan pundi ingkang sahe, pundi ingkang lepat pundi ingkang leres. Mekaten ugi kita gesang ing mangsa ingkang kebak mobaling fitnah ingkang kados dalu ingkang peteng ndedet punika, menawi mboten pikantuk pitedahing Allah, arupi Iman Islam, lan ilmi sarana dipun amalaken, tentu mboten saget kajamin kawilujenganipun dunya lan akhirat. Jalaran mboten mangertos pundi ingkang hal pundi ingkang haram, pundi ingkang hak lan pund ingkang bathil. Kados kawontenan ing mangsa punika katah tiyang ingkang tindakan, ucapan lan i’tikadipun sampun nyebal lan nerak dateng wewalering agami Islam Mboten berduli haram lan larangan, makshiyat lan dosa sing penting keturutan karepe. Jumbuh kaliyan dawuh dalem Rasulullah saw:

يَأْتِي عَلَى النَّاسِ زَمَنْ لَا تُطَاقُ فِيهِمُ المَعْصِيَّةِ إِلَّا بِالْمَعْصِيَّةِ حَتَّى يَكْذُبَ رَجُلٌ يَحْلِفُ فَإِذَا كَانَ ذَلِكَ الزَّمَنُ فَعَلَيْكُمْ بالْهَرَب قَيْلَ إِلَى أَيْنَ الْمَهْرَبُ يَا رَسُولُ اللَّهِ؟ قَالَ: إِلَى كتاب الله وَسُنَّة نبيه.

Bakal teka marang para manungsa swijining mangsa kang ana ing mangsa kauwi para manungsa prasasat ora bisa golek pangupa jiwa kejaba kanti tumindak makshiyat, sahingga wong-wong mahu gampang tumindak goreh, lan sumpah palsu, mula yen zaman wis mengkono, sira kabeh wajib mlayu nylametake awak, Rasulullah disuwuni pirsa, dateng pundi panggenanipun mlajar duh Rasulullah? Rasulullah dowwh Bali marang Kitabe Allah lan Sunnahe Nabine Allah

Para sederek Kaum Muslimin,

Pramila mangga kita tansaha cecepengan dateng kekalih tuntunan kasebat, dawuh al- Qur’an kita sendikani, dawuh hadits kita dereki. Supados kita saget wilujeng lan pikantuk kabekjan gesang kita wiwit dunya ngantos dumugining akhirat. Amiin.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيمِ. قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ الْقَائِلِينَ ﴿يَا أَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا إِذَا نُودِيَ لِلصَّلَاةِ مِن يَوْمِ الْجُمُعَةِ فَاسْعَوْا إِلَى ذِكْرِ اللَّهِ وَذَرُوا الْبَيْعَ ذَلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ ، وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ

Bagikan:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *